Kumpulan coretan Ust Mualif Rosyidi

ORA SAH ADOH-ADOH BRO ?
(yèn péngén golèk seneng.., serial nguri-uri bahasa Jawi..).

Saèstu kliru, mboten leres menawi wonten ingkang hanggadhahi pemanggih :

Bilih golèk seneng ki ragaté akèh, kudu nggoné adoh, ngulinèr sing larang , yèn perlu travel nèng manca negara sisan.

Lur…èstunipun babagan remen, bungah, marem, sedaya menika manggènipun wontên ing “manah”,.. leres ana sakjroning ati.

Yèn atiné longgar, ora sumpek, sinaosa griyanipun naming tipe RSSSSSSS (rumah sangat sederhana , susah slonjor, sebulan sekali setor, iso stress ?), tetep rumaos longgar, atiné padhang byar…

Panjenengan asring mireng lur.. menapa ingkang dipun senggol dénéng kanjeng Nabi :

Baiti jannati,..omahku swargamu, sebab sedaya komponèn wonten sak jroning balai griya..wiwit wong tuanê nganti putra wayahé madeg dados unsur sing isa “ngrêsêpaké” ati, sing “ngecleské” dada.

Mboten maiben..(menawi para sutresna remen lagunipun mbak “Nisa Sabian”), ing lagu “Dienassalam” dipun andharaken :

“Killa hadzil ardhi..ma takfi masahah lau na’isy bila samahah.
Wain ta’ayasyna bahub lau tadziqil ardhi naskin kalliqob…” tegesé :

Bumi ki rasane panas, sumpek, menawa urip wis ora da pada toleran ( ora njaga rasa, ora nguwongkê) blas.
Menawa urip kebak katrésnan, jaga jinaga rasa, nguwongké,..temen urip ki bakal nikmat, adem, cless.

Lur..yèn péngén golèk rasa ayem, bagya mulya , nggoné ora adoh…ora sah mlancong nèng manca negara.

Ora kudu nginep nèng hotel bintang tuju (gèn mumet sisan, wong biayanê larang ?), jebulé cedhak banget, ora liya nèng omahé dhéwé…

Mila menggah bahasa Arab..omah ki diarani “maskan”, tegesé papan kanggo golék katentreman, dadi ayem tentrem, alias yèn péngén tentrem, ayem ya nèng omah.

Sing lanang madeg dadi sisihan sing akhlakê apik marang batihé, tanggung jawab nafkahi keluarga, alus ora kasar, bisa : ngayomi, ngayemi, lan ngayani…Masya Allah.

Semana uga sing putri setia tuhu, dadi ibu sing njaga kahurmatan keluarga, bisa : ngadhemi, nglayani, lan ngrangkani…lsp.

Gamblangê pasutri sak kloron dadi wong sholeh lan sholéhah, diparingi putra wayah sing “qurrota a’yun”, ngrêsêpaké ati lan mripat, krana akhlaké sing elok., bekti marang wong tua.

Pramila kunciné gampang, pengên nduwé omah sing bisa nentremake, dadi swargo :

Gulawenthah keluarga, putra wayah dunung marang tuntunan agama, dinafkahi kanti rizki sing halal, saomah da padha sregep tuhu marang tuntunan agami.

Oke lur..magriban sek…
Mugi sami istikomah anggenipun netepi dhawuh. Amin.

NYUWUN PIRSA DALEMÉ MBAH BAYAN ?
(mangga kula dhèrèkké mas, mboten tebéh kok…serial nguri-uri bahasa Jawi..).

Sing jenengé sedulur ndésa, Masya Allah.. saèstu nduwèni sifat seneng tetulung karo sapa waé, kanti tulus…saget dipirsani saking prahéané sing sumilak (mimiknya yg cerah), ora mbêsêngut.

Nalika bingung ing pinggir sabin (sawah), nyuwun pirsa karo sedulur tani sing lagi tandur :

“Badhê tanglet.. dalemé mbah Bayan Seger Sumyah menika pundi nggih pakdhê ?”.

Langsung sing disuwuni pirsa mandheg anggonê tandur..ming arep nglayani sedulur sing takon kuwi, tumuli njawab :

“Mboten tebéh saking mriki,.. mergi (jalan) menika teras ngilèn, wonten prapatan mangiwo sekedhék, pas mangku mergi, ngajengipun wonten wit pelem ageng.

Menapa kula dèrèkké kémawon, wong kula nggih pun badhé “laut” (istirahat untuk makan), supados mboten bingung, awit kathah mergi lan gangipun “.

Lur…pribadi sing kaya ngono kuwi.. saiki wis angèl, gelem nglonggaraké wektu, tenaga lan ati kanggo tetulung marang sapadané sing lagi bingung, utawa mbutuhké pretikel..

Conto ing nginggil lur..nedahaken akhlak sing mulya, gelem ngringankê sedulur sing ngadepi reribet, awit sami sadar :

Yèn nyenengaké wong liya ki klebu akhlaké penduduk swargo, lan amalan ingkang dipun trêsnani dénêng Pangéran Allah…Masya Allah.
(idkhoolus suruur ‘ala qolbil mukmin).

Wonten maléh , ndilalah pas mlaku nèng pinggir kebon mrangguli ana woh pelem sing gembrandhul nyenengaké banget..njur kèlingan menawa sisihané pas nyidham.

“Nyuwun pelemé setunggal mawon nggih pakdhê,.. awit sémah kula saweg nyidam pelem, kok pas wonten pelem “, aturé nom-noman kuwi.

Sing kagungan wit pelem kanti sumringah, ora owel ngendika :

” Mangga..mangga..nak, panjenengan mendhet piyambak, saèstu kula legawa, wong dinggo sisihan sing lagi nyidam.
Awit yèn ora dituruti mundhak anakê ngileran, lan ngechèsan, ngisin-isini”.

Akhlak ing nginggil mboten saget ujug-ujug, ananging wis diproses, dibiasaaké wiwit alitanipun.
Karo simbah mbiyèn wis diajari, diparingi tepo palupi sing apik… anggoné seneng tetulung.

Mboten maiben Ibnu Abbas (sahabat Nabi) ngendika :

Biasakna anakmu seneng nindaakê kebecikan (kudu dicontoni), sebab seneng nindaakê kebecikan (akhlak sing mulya), kudu dibiasaakê wiwit cilik…
(sing tuwa kudu sregep nggrètèhi, lan paring conto riil).

Lur ..taksih kèmutan pesen kanjeng Nabi :
“Pangêran Allah tetep bakal maringi pitulungan marang kawulanê, jer dhèwèké seneng tetulung marang sepadhanê”.

Oke..wilujeng enjing, tetep ndongakkê lan nyangoni putra wayah….Amin.

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*